wih iki trit kapan
isine sitik
tapi munggah maneh
yo sukur nek ngono
nek tak delok2, onok 2 fakta menarik :
1. mbuh yo nek jaman saiki, jamanku biyen istilah spot dlm dunia mancing digawe nek merujuk nang mancing laut. spot = lokasi iwak2 apalane angler dan tukang kapal. cuma kalo melihat banyak jawaban yg mengarah ke spot juga sama dengan kolam pancing, nah mbuh maneh nek istilahe wis bergeser opo meluas. maklumono aku g tau metu omah
2. delok post kok akeh arek sby perbatasan iki (wiyung,kebraon,sepanjang,mastrip). ojo nakal2 awakmu, daerah kono nek nakal iso tak banned sak ktpmu. ngahahaha.
spotku lawas :
- sedati (sewo kapal cilik.sanguo bir gandeng samsu ben ga muntah.kapale mambu cuk)
- perak (budale yo teko sedati.ojok gaya2 gowo pancing akeh. aku tau ga oleh iwak, pancingku ilang ditarik wong slulup.)
- rolak (jaman lawas asik ho. nek ga oleh iwak minim oleh digudo bencong. titenono nek mari onok sing matek kintir. mesti akeh iwake. tp ndungoo sing akeh ben ga melok kintir)
- pasar pabean (andalan iki.bee tah pamit budal mancing nang mbokmu,tonggomu,gendhakanmu trus tibae ga oleh iwak, timbang isin diguyu2 budalo mrene. mancinge ga usah joran*** perlu umpan. mek nggawe duik,talenono trus pancingen bakul iwake. mesti olehe wes ta)
wes.nek kolam pancing aku ga paham. ga tau mancing kolam. olehe iwak ga sumbut mbe dicokoti lamuk.
wes ah.malah kakean nulis
makwerr